Tembung kawi

-Tembung kawi uga diarani tembung sansekerta. Lumrahe dianggo tembang, padhalangan, layang-layang.

- Akeh-akehe saiki tembung kawi kuwi dianggo jenenge bocah, jenenge wong, jenenge kantor, lan sapanunggalane, kayata:

-katon bagaskara tegese ketok srengenge
-rini paramita tegese bocah wadon sing sampurna
-adi sucipta tegese pikiran sing apik lan becik
-sigit irawan tegese mega sing apik
-adhi karya tegese panggawean sing apik
-widya mandala tegese bumi kapinteran

A
-acala= gunung
-adi= endah, becik, luwih
-adibusana= sandhangan sing apik
-adilaga= paprangan
-adipati: bupati
-aditya: srengenge, dina akad
-adyaksa: jaksa
-aglar: sumebar
-aglis: gelis, enggal
-agni: geni
-agra: pucuk
-agung: gedhe
-aji: ratu
-akasa: awang-awang
-akrami: ningkah; susila
-aksama: pangapura
-aksara: huruf
-aldaka: gunung

-amerta: banyu
-among: njaga
-among praja: mrintah negara
-amrik: ngambar wangi
-ananta: ajeg;warna-warna
-ancala: gunung
-andaka: bantheng
-andakara: srengenge
-andaru: lintang
-anderpati: kendel banget
-andika: ngandika
-andrawina: pasugatan, pesta
-angga: awak
-anggada: gelang
-anggara: slasa
-anggara kasih: slasa kliwon
-angkara: tamak
-apsara: dewa

-apsari: dewi
-apti: karep
-arcapada: bumi, jagat
-ardana: dhuwit
-ardaya: ati, rasa
-ardi: gunung
-arditi: gunung
-arga: gunung
-arimong: macan
-aris: alon-alon
-arja: reja;slamet
-arjasa: wit
-arka: srengenge
-arnawa: segara

-arsa: arep
-asta brata: 8 kabecikan
-asti: gajah
-astra: gaman, panah
-astuti: alem; pangestu
-asthi: gajah
-asung: weweh
-asura: buta
-aswa: jaran
-atma: anak: nyawa
-atmaja: anak
-atmaka: anak
-awiyat: awang-awang
-ayun: arep; gelem

B
-bacira: alun-alun
-badra: rembulan
-bagaskara: srengenge
-bagaspasti: srengenge
-bagawan: pandhita
-bagya: begja
-bajra: bledheg; inten
-baka: langgeng
-bakti: sungkem; nembah
-banawa: prau
-banawi: kali
-bandayuda: perang
-bantala: lemah, bumi
-banu: sorot srengenge
-barata: tirakat, tapa
-baruna: dewa segara
-basanta: rembulan
-baskara: srengenge
-basuki: slamet
-bathara: dewa
-bathari: dewi
-bawa: sipat
-bawa laksana: nudhoni guneman

-bawana: bumi
-bayangkara: prajurit
-bayu: angin
-belasungkawa: melu susah
-biksu: pandhita
-bima: medeni
-birawa: gagah; giris
-boga: pangan
-boja: pangan
-bojana: pesta
-boma: langit; awang-awang
-bomantara: langit; awang-awang
-bondhan: njoged
-botrawi: tlaga
-braja: angin; gaman
-brakithi: semut
-brama: geni
-bramantya: nesu
-bramara: tawon
-brangta: kesengsem; susah
-brastha: rusak, ilang

-brata: tapa, tirakat
-bujana: pesta
-buntala: bumi
-bupala: raja
-busana: sandhangan
-butala: lemah
-buwana: bumi

C
-cakra: rodha
-cakrawala: langit
-candra: rembulan, paribasan
-candramawa: kucing
-candrasa: pedhang
-candhabirawa: nesu; aji-aji
-canthoka: kodhok
-caraka: utusan
-cintra: cilaka, susah
-cipta: pikiran, gagasan
-citra: gambaran; rai; ulat
-cora: maling
-crema: kulit; wlulang
-cundhaka: utusan
-curiga: keris

D
-dahana: geni
-dahat: banget
-daksa: pinter
-daksina: kidul; tengen
-dana: sedhekah
-danawa: buta
-danta: untu
-danu: gendhewa
-danuja: buta
-dara: bocah wadon
-darba: suket
-darma: wajib; becik; bapak
-darpa: kendel
-darpita: kendel banget
-darsana: conto
-darsih: abdi
-datan: ora
-datapati: srengenge
-dawala: putih
-dayinta: putih
-den: di

-dewangkara: srengenge
-dhandha: gada
-dhayang-dhayang: pawongan
-dhingin: disik
-dhusta: ala
-dibya: misuwur
-digdaya: sakti
-dipa: gajah; diyan
-dipangga: raja
-dipati: raja
-dira: kukuh; kendel
-dirada: gajah
-dirga: dawa
-dirgantara: awang-awang
-dite: dina minggu
-ditya: buta
-diwangkara: srengenge
-diyu: buta
-drana: sabar
-drasthi: pandengan
-dri: gunung
-driya: ati

-duk: ener; nalika
-duksina: kiduk
-dulu: deleng
-dumadi: titah; makluk
-dumilah: sorot
-dur: ala; jahat
-dura: adoh
-durga: bebaya; alangan
-durna: pangayoman
-dursila: maling, tindak ala
-dustha: julig
-duta: utusan
-dwaja: gendera
-dwija: guru; pandhita
-dwipa: pulo; gajah
-dwipangga: gajah
-dyah: putri
-dyan: banjur
-dyatmika: alus; anteng

E
-eka: siji
-ekapraya: sarembug
-eksi: mripat; ndeleng
-endah: becik
-esthi: jangka; gajah
-enu: dalan
-erawati: bledheg
-ernawa: segara
-esa: siji

F(ora ono)
G
-gagana: awang-awang
-gahana: jurang
-galuh: inten; putri
-gama: dalan
-gana: mendhung; mega
-gandhi: palu
-ganjur: tumbak
-gangga: banyu; kali
-garba: weteng
-garbini: mbobot, meteng
-garini: bojo
-gata: laku
-gatra: wujud, rupa
-gerah: gludhug
-gili: gunung cilik
-gini: wong wadon
-giri: gunung

-gita: tembang; guritan
-giwangkara: srengenge
-gora: banget; gedhe
-gra: pucuk; banget
-graha: omah; lintang
-grana: irung
-guling: turu
-guna: pinter
-gung: gedhe; tansah
-gundhala: bledheg
-guntur: bledheg
-gupala: reca; baureksa
-gupit: papan turu
-gupita: reronce kembang
-gurit: tulisan
-guruh: bledheg

H
-harja: slamet
-harsa: seneng
-harsaya: seneng
-hasta: tangan
-hasti: gajah
-her: banyu
-himalaya: gunung
-himawan: gunung
-hyang: dewa

I
-iba: gajah
-ima: mega
-imantaka: mega
-indriya: karep
-indung: ibu
-ingsun: aku
-irawan: mega

J
-jagad: donya, bumi
-jahnawi: banyu
-jahni: banyu
-jala: banyu
-jaladara: mendhung
-jaladri: segara
-jalanidhi: segara
-jalma: wong
-jalu: lanang
-jana: wong
-janaloka: donya
-janma: wong

-jangga: gulu
-jati: nyata, asli
-jawata: dewa
-jaya: menang; seneng
-jenar: kuning
-jenggala: alas
-jladri: segara
-judhi: perang
-jumantara: langit
-jurit : perang
-juwita: putri

K
-kadhaton: kraton
-kadya: kaya
-kaga: manuk
-kahyangan: panggonan dewa
-kahyun: karep
-kaka: kakang
-kala: piala; buta; wektu
-kala bendhu: pagebluk
-kalaka: banyu
-kalandara: srengenge
-kalbu: ati
-kaloka: misuwur
-kalpa: jaman
-kalpika: ali-ali
-kalwang: lawa
-kalyana: linuwih
-kanaka: emas; kukuh
-kanin: tatu
-kanugraha: paweweh
-kanuraga: digdaya
-kangkam: pedhang
-kapi: kethek
-kapti: karep; ati
-karana: sebab

-kardi: gawe
-karma: kalakuan
-karna: kuping
-karta: slamet
-kartika: lintang
-karya: panggawean
-kasub: misuwur
-katga: keris
-kawi: crita; pujangga
-kawuri: biyen
-kawuryan: katon
-kayun: karep
-kelimengan: peteng
-kenaka: kuku; emas
-kencana: emas
-kengis: katon
-kenya: bocah wadon
-kenyar: sorot
-kering: kiwa
-kinanthi: digandheng
-kintaka: layang
-kirana: rembulan; sorot
-kisma: lemah
-komala: inten; alus
-koswa: wadyabala
-kresna: ireng
-kridha: rerigen; patrap
-kriya: pagawean
-kukila: manuk
-kumara: bocah
-kumba: sirah; bocah
-kuncara: kondhang
-kundhala: ali-ali
-kusala: apik; pinter
-kusuma: kembang; ayu
-kuwawa: kuwat

L
-laban: kilat
-labda: pinter
-laju: terus, kenceng
-laga: perang
-lagya: lagi
-laksa: ener; dalan
-laksita: konangan
-laksmi: ayu
-lampita: tandha, ngalamat
-langkap: gendhewa
-langking: ireng
-lara/rara: prawan; susah
-laras: gendhewa
-larung: mudhun; terbela
-lastri: bengi
-latri: bengi
-lawan: karo
-laya: panggonan
-layon: jenasah
-layu: mati
-lebda: pinter
-leksana: mlaku
-lelana: ngumbara
-lena: ilang; mati
-lingga: tandha; reca
-lir: kaya
-lirwa: sembrana
-listya: ayu
-lodra: galak
-lohita: abang
-lohjinawi: subur banget
-loka: jagad
-ludira: getih
-luhung: luhur
-luhur: dhuwur
-lukita: tuladha
-lumaksana: mlaku

M
-madya: tengah
-maha: banget, linuwih
-maharsi: pandhita
-maharesmi: rembulan
-mahyeksi: pandhita
-mala: cacat
-mandira: wit wringin
-mandragini: papan sare
-mandraguna: wicaksana
-mandhala: tlatah; bumi
-mandiri: ngadeg; madeg
-manggala: panggedhe; begja
-manik: inten
-manila: inten biru
-manjing: mlebu
-marcapada: jagad
-marga: dalan
-margana: panah
-marta: sabar; urip
-martani: sabar; nguripi
-marus: getih
-maruta: angin
-matra: ukuran
-matswa: iwak
-maya: remeng-remeng

-meru: gunung
-miguna: pinter
-mina: iwak
-minantaka: nelayan
-minging: wangi
-mintuna: jodho
-mitra: kanca
-mituhu: manut
-miyarsa: krungu
-miyat: ndeleng
-moksa: ilang; mati
-mong: macan
-mrih: supaya
-mring: marang
-mudha: bodho; enom
-mulat: inten
-mumpuni: nguwasani; pinter
-mundhing: kebo
-murba: nguwasani
-murca: ilang
-murda: panggedhe, endhas
-murti: awak
-murud: lunga; mati
-musna: ilang
-musthika: inten

N
-nadhah: mangan
-nadi: kali
-naga: ula
-nagagini: ula wadon
-nayaka: panuntun
-naka: kuku
-nala: ati; rasa
-nalendra: raja
-nara: wong; punggawa
-nararya: punggawa
-narendra: raja
-narmada: kali
-narotama: senapati
-narpa: raja, ratu
-narpati: raja, ratu
-narya: raja, ratu
-nata: raja, ratu
-nawala: layang
-nayaka: punggawa
-nendra: turu
-netra: mripat
-nenggala: tumbak

-ngadi busana: ndandan
-ngarsa: ing ngarep
-ngesthi: mikir
-nila: biru
-nimpuna: pinter
-nindya: ora cacat; utama
-nir: ilang
-nira: e, ne (panambang)
-nirbaya: kendel banget
-nirmala: suci
-nirwana: alam langgeng
-nugraha: peparing, ganjaran
-nuswa: pulo

O
-obar-abir: kilat
-oneng: sedhih
-orem: sesambat

P
-pada: sikil; panggonan
-padma: kembang
-padmi: bojo
-paduka: kowe
-palagan: papan-perang
-palakrama: nikah
-palastra: mati
-palupi: conto, tuladha
-palwaga: kethek
-pambayun: mbarep
-pamiarsa: pangrungu
-pamulu: praen
-pamungkas: pungkasan
-pancakara: perang
-pancala: gunung
-pandhega: panggedhe
-pangaksama: pangapura
-pangastuti: sembah
-pangupajiwa: panguripan
-panti: omah, panggonan
-paramarta: angen-angen, luhur
-parameswara: ratu
-paramita: sempurna
-paripura: pepak, jangkep
-pariwara: pitutur

-parwata: gunung
-pati: ratu
-patra: godhong
-pawaka: geni
-pawana: angin
-pawiyatan: sekolahan
-pingul: putih
-pita: kuning
-plaga: kethek
-praba: sorot
-prabawa: kamulyan
-prabu: raja
-pradangga: gamelan
-pradnya: pinter
-praja: negara
-pralaya: mati; rusak
-pralina: mati
-pramana: nyawa
-pramugari: panuntun
-pramuka: panggedhe
-prana: ati
-pranawa: padhang
-prapta: teka; tekan
-pratala: lemah, bumi
-pratama: kang kawitan
-pratangga: srengenge

-pratiwi: bumi, lemah
-prawata: gunung
-prawira: kendel
-praya: karep
-priya: lanang
-priyangga: dhewe
-pringga: bebaya
-punggawa: panggedhe
-pura: kraton
-purba: wiwitan; kuna
-puri: kraton; beteng
-purna: genep; wutuh: rampung
-purwa: wiwitan; biyen
-puspa: kembang
-puspita: kembang
-pustaka: buku

R
-radite: srengenge
-raditya: srengenge
-radya: negara
-raga: awak
-raharja: slamet
-rahayu: slamet
-rahina: awan
-rama: bapak
-rana: perang
-ranu: banyu
-rara: prawan
-raras: becik; alus
-rasmi: endah; peni
-rat: kraton; donya
-rata: kreta
-ratangga: kreta
-ratih: rembulan
-ratna: inten

-ratri: bengi
-rawi: srengenge
-raya: gedhe
-rekta: abang
-rena: ibu
-rewanda: kethek
-resi: pandhita
-rimba: alas
-rimong: macan
-rini: wadon
-ripta: pikir; karangan
-riris: gerimis
-roga: lara
-rudah: sedhih
-rudhira: getih
-rudita: susah
-ruhara: kisruh
-rukmi: emas

S
-saba: pakumpulan; pasugatan
-sadana: rekadaya; dhuwit
-sadya: karep
-saekapraya: rukun
-sah: pisah
-saka: pang; kanca
-samapta: rampung; siyaga
-samekta: siyaga; sumadhiya
-samirana: angin
-samya: bebarengan
-samodra: segara
-sana: panggonan
-sandi: wadi, rahasia
-santi: tentrem; sabar
-sanggraha: cawisan; kumpulan
-sapala: sepele
-sara: panah; blumbang
-sardula: macan
-sari: apik; kembang
-sarira: awak
-saroja: rangkep; kembang
-sarpa: ula
-sasodara: rembulan
-sasana: panggonan; piwulang
-sasangka: rembulan
-sasi: rembulan

-sasmita: tandha, ngalamat
-sastra: buku; tulisan
-sata: pitik jago
-satmaka: nyawa
-sato: kawan
-satwa: kewan
-sayekti: genah; bener
-sayoga: apik; patut
-senapati: pangarepe prajurit
-seta: putih
-setra: tegal
-sewaka: juru laden
-sigit: bagus
-sigra: gelis; banjur
-sila: patrap
-sindu: banyu; kali
-sindhung: angin
-sinudarana: ditiru
-singgih: ya, mula nyata
-sira: kowe
-sirat: sorot
-sirna: ilang; mati
-sitaresmi: rembulan
-siwi: anak
-song: payung

-sonya: sepi
-sotya: inten
-sri: sorot, sinar, cahaya
-su: bagus, ayu, luwih, banget; gedhe
-sudarna: loma
-sudarma: bapak
-sudarsana: contoh
-sudira: kendel
-suksma: roh; alus
-sumbaga: misuwur
-sumrik: wangi banget
-sun: aku
-sunar: sorot
-sung: weweh
-sungkawa: susah
-sunu: anak
-sura: wani
-surya: srengenge
-susila: tatakrama
-suta: anak
-suwarna: emas
-swa: dhewe; jaran
-swasta: slamet; dudu negara
-sweda: kringet

T
-tamtama: wadyabala
-tan: ora
-tanaya: anak
-tanu: awak
-tarup: kumpul
-taruna: enom
-tasik: segara
-tawang: langit
-tirta: banyu
-titi: tanggal
-tiwikrama: muring; nesu
-trenggana: lintang
-trustha: seneng
-tuhu: nyata
-tunu: obong
-tuntas: jangkep
-turangga: jaran
-turida: susah
-tuwawa: titip
-tyas: ati

U
-udyana: taman
-ulu: sirah
-ulun: abdi
-uninga: weruh
-upaboga: pangan
-upajiwa: rejeki
-upakara: laku
-upakarti: rerenggan
-upaksama: pangapura
-upiksa: weruh
-usada: obat
-utara: lor

V (ora ono)
W
-wacana: omongan
-wadana: rai
-wadya: prajurit
-wahana: tunggangan
-waji: jaran
-waluya: waras
-wana: alas
-wanadri: alas gung
-wanara: kethek
-wanda: awak
-wandawa: sanak kadang
-wanudya: wong wadon
-wangsa: sanak sadulur
-waranggana: sindhen
-wardaya: ati
-warih: banyu
-warsa: taun; udan
-warsita: pitutur
-wasesa: kuwasa
-wasis: pinter
-waskitha: awas
-waspa: luh
-wastra: sandhangan
-we: banyu; srengenge
-weka: anak

-wibawa: keluhuran
-wibi: ibu
-widada: lestari; langgeng
-widigda: pinter
-widya: kawruh; pinter
-widura: pinter; wicaksana
-wignya: pinter
-wijil: metu; keturunan
-wikan: pirsa, weruh
-wiku: pandhita
-wil: buta
-wilis: ijo
-wimba: metu
-wira: prajurit; kendel
-wisata: lelungan
-wisesa: kuwasa
-wisma: omah
-wisudha: angkat; resik
-wiwaha: upacara; pesta
-wiyata: piwulang
-wiyati: langit
-wreda: tuwa
-wre: kethek
-wreksa: kayu; wit
-wukir: gunung
-wuri: mburi
-wuyung: nesu; sedih

X (ora ono)
Y
-yaksa: buta
-yakti: bener; nyata
-yasa: omah; lelabuhan
-yayah: bapak; kaya
-yayi: adhi
-yoga: anak
-yogya: apik; patut
-yuda: perang
-yuswa: umur
-yuswana: slamet

Z  (ora ono)

Yoiku kumpulan basa jawa kawi utawa basa sansekerta, mumpung awake dewe isek dadi wong jowo, monggo kabeh sedoyo nyinau boso jowo, iso nglestarikne adat budaya jowo ben ora punah

Kepengin weruh sing duwe blog iki, utawa melu klik ning ngisor iki
Klik disini untuk mengikuti TWITTER
Atau fans page ngawi my pride

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Gugon tuhon | ilmu jawa | basa jawa |

Paribasan jawa | peribahasa jawa

KUMPULAN BAND ANAK NGAWI