Gugon tuhon | ilmu jawa | basa jawa |

                Gugon tuhon
   Gugon tuhon kuwi awujud pitutur sing sinamun (ora ketoro). Lumrahe nganggo dikantheni tembumg aja utawa ura ilok, sing ateges ora becik.

1. Aja kureb ajang. Sawise madhang, aja banjur  ajange dikurebake. Becike isahana dhisik.
2. Aja ngaglah, linggih ana ing lawang. Amerga linggih ana ing lawang njalari ngalang-ngalangi wong sing arep liwat (mlebu metu).
3. Aja mangan ing paturon.  Amerga bisa ngregedi paturon, kejaba yen nalika lara.
4. Aja mangan mlaku. Amarga mangan karo mlaku mesthine ora becik tumrap kesarasan, tur murang tata.
5. Aja ngidoni sumur, mundhak suwing lambene. Sumur sing kena idu banyune dadi reged. Luwih-luwih idune wong lara nular.
6. Aja mangan karo ngadeg, mundhak wetenge dawa. Amarga mangan karo ngadeg iku saru, becike karo linggih sing apik.
8. Aja nyapu dalu. Lumrahe wong nyapu dalu ora bisa resik, tur ngregedi barang-barang liyane.
9. Aja lungguh ing bantal, mundhak wudunen. Bantal kuwi kajang sirah, mulane saru yen dilungguhi.
10. Aja mangan panas. Amarga mangan panas-panas cetha bakal bebayani tumrap kesarasan.
11. Aja mangan sangga ajang. Amarga mangan sangga ajang gampang wutah, becike ajange dideleh ing meja.
12. Aja njangkar wong tuwa. Ngundang wong tuwa sarana nyebutake jenenge thok (jangkar), cetha murang tata.
13. Aja gawe sumur ing ngarepan omah. Amarga bebayani bocah dolan.
14. Aja ngendheg uwuh. Amarga bisa ngregedi panggonan liyane yen kabur angin.
15. Aja gelar kasur tanpa sepre. Amarga yen reged angel ilang-ilangane.
16. Aja seneng ndhekok. Amarga ndhekok (turu wayah esuk), nyata ora becik, esuk wayahe wong nyambut gawe.
17. Aja uncal uwuh. Amarga nguncalake uwuh bisa ngregedi liyane, becike buwangen ing kranjange (kranjang sampah).
18. Ora ilok weweh dijaluk bali,  mundhak gulune gondhoken. Weweh apa bae kudu sing iklas lair batin, aja ngarep-arep genten diwenehi.
19. Ora ilok wanita lungguh jegang. Amarga saru banget dineleng.

Gugon tuhon iku ibarate yo apik, ngandani sing becik supaya ngerti unggah-ungguh lan tatakrama

Ilmu jawa | basa jawa | basa kawi | basa sansekerta | gugon tuhon | krama inggil | paribasan jawa |

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Paribasan jawa | peribahasa jawa

KUMPULAN BAND ANAK NGAWI