Jenenge bocah | jawa

Sebutan kanggo jumlahe anak lan lanang utawa wadon

Jenenge bocah" ini adalah sebutan orang jawa tentang jumlah anak dan laki" atau perempuan.. langsung saja

¤ontang-anting = anak siji lanang.
¤uger-uger lawang = anak loro lanang kabeh.
¤cukit dulit = anak telu lanang kabeh.
¤saramba = anak papat lanang kabeh.
¤pandhawa = anak limo lanang kabeh.
¤unting-unting = anak siji wadon.
¤kembang sepasang = anak loro wadon kabeh.
¤gotong mayit = anak telu wadon kabeh.
¤sarimpi = anak papat wadon kabeh.
¤pancagati = anak lima wadon kabeh.
¤kedhana-kedhini = anak loro lanang wadon.
¤sendhang kaapit pancuran = anak telu, lanang-wadon-lanang.
¤pancuran kaapit sendhang = anak telu, wadon-lanang-wadon.
¤keblat papat = anak papat lanang wadon.
¤sapasar = anak lima lanang wadon.
¤ipil-ipil (pipilan) = anak lima, lanang siji.
¤padangan = anak lima, wadon siji.
¤pandhawa nyandhangi = anak enem, wadon siji waruju.
¤kembar = anak loro lanang kabeh utawa wadon kabeh laire barang.
¤dhampit = anak loro lanang lan wadon laire bareng.
¤gilir kacang = anak akeh, giliran lanang wadon.
¤lumpat kidang = anak akeh, ora giliran lanang wadon.
¤grandhel = anak lanang pirang-pirang, kang waruju wadon (utawa kosok baline).
¤gendhong = anak lanang pirang-pirang, kang tengah wadon.
¤pathok = anak wadon pirang-pirang, kang tengah lanang.
¤sumarak = anak pirang-pirang, sing lanang luwih akeh.
¤anggana = anak akeh, sing urip keri siji.
¤cemani = bocah ireng mulus.
¤wungle, bule = bocah putih mulus.
¤gondhang kasih = anak loro seje pakulitane, siji putih siji ireng.
¤julung kembang = bocah lair bareng pletheking srengenge.
¤julung sungsang = bocah lair wektu bedhug awan.
¤julung sarab = bocah lair ngarepake surup srengenge.
¤julung caplok = bocah lair barengi surupe srengenge.
¤margana = bocah lair pinuju ibune ing lelungan.
¤wuyungan = bocah lair pinuju ana perang (gegeran).
¤wahana = bocah lair pinuju ibune ana ing pasamuwan.
¤jempina = bocah lair durung wektune (umpamane 7 sasi).
¤yatim = bocah sing lair ora menangi bapake.
¤lola = bocah sing wis ora duwe bapa biyung.
¤lola bapak (biyung) = bocah sing ora duwe bapak (biyung) marga mati.
¤konduran = bocah lair nanging ibune seda.
¤sumala = bocah cacad wiwit lair.
¤thok-thing = bocah lair sirahe cilik.
¤pambarep = anak sing nomer siji.
¤panggulu = anak sing nomer loro.
¤pandhadha = anak sing nomer telu.
¤sumendhi = kakang wuragil.
¤wuragil, waruju = anak sing keri dhewe.

       ♥♡¤_Terima kasih_¤♡♥

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Gugon tuhon | ilmu jawa | basa jawa |

Paribasan jawa | peribahasa jawa

KUMPULAN BAND ANAK NGAWI