Paribasan jawa | peribahasa jawa

                 Peribahasa jawa

A
1. Adigang, adigung, adiguna. Ngendelake kakuwatane, kaluhurane lan kapinteran.
2. Ana catur mungkur. Ora gelem ngrungokake rerasan sing ora becik.
3. Ana daulate ora ana begjane. Wis arep nemu kabegjan, nanging ora sido.
4. Ana gula ana semut. Panggonan sing ngrejekeni mesthi akeh wong sing nekani.
5. Anak polah bapak kepradhah. Wong tuwa nemu reribed amarga saka polahing anak.
6. Ancik-ancik pucuking eri. Tansah kuwatir.
7. Angon mangsa. Golek wektu sing prayoga.
8. Angon ulat umbar tangan. Nyawang kahanan jalaran arep nyolong.
9. Arep jamure emoh watange. Gelem kepenake ora gelem rekasane.
10. Asu arebut balung. Pepadon rebutan barang sepele.
11. Asu belang kalung wang. Wong asor nanging sugih.
12. Asu marani gepuk. Njarag marani bebaya.
13. Ati bengkong oleh oncong. Duwe niyat alat oleh dalan.

B
14. Baladewa ilang gapite. Ilang kaluhurane.
15. Banyu pinerang. Ngibarate pasulayane sadulur, mesthi enggal pulihe.
16. Bathok bolu isi madu. Wong asor nanging sugih kepinteran.
17. Bebek mungsuh mliwis. Wong pinter mungsuh wong pinter.
18. Becik ketitik, ala ketara. Becik utawa ala bakal ketara dhewe ing tembe burine.
19. Belo melu seton. Mung melu-melu bae, ora ngerti karepe.
20. Mbidhung apirowang. Ethok-ethok mitulungi, nanging sejatine ngrusuhi.
21. Blaba wuda. Amarga bangeting lomane nganti uripe dhewe kacing krangan.
22. Blilu tau pinter durung nglakoni. Senajan durung mangerti, nanging wis bisa nindakake.
23. Bubuk oleh leng. Duwe niyat oleh dalan.
24. Mburu uceng kelangan deleg. Mburu barang sepele malah kelangan barang sing aji.
25. Busuk ketekuk, pinter keblinger. Sing bodho uga sing pinter padha dene nemu cilaka.

C
26. Car-cor kaya kurang janganan. Guneman waton metu tanpa dipikir dhisik.
27. Cathok gawel. Ora diajak rembugan, nanging melu-melu ngrembug.
28. Cebol nggayuh lintang. Duwe kekarepan sing mokal bisane kelakon.
29. Cecak nguntal empyak. Gegayuhan kang ora timbang karo kakuwatane.
30. Cedhak celeng boloten. Cedhakan karo wong ala njalari katut ala.
31. Ciri wanci lelai ginawa mati. Pakulinan ala sing ora bisa ilang.
32. Crah agawe bubrah, rukun agawe sentosa. Padudon njalari ringkih, rukun njalari kuwat.
33. Criwis cawis. Tansah mbantah prentah (sajak wegah), nanging sumadya nindakake.
34. Cuplak andheng-andheng, ora ora prenah panggonane. Wong utawa samubarang kang njalari ala, prayoga disingkirake.

D
35. Dadia suket suthik nyenggut. Emoh sapa aruh.
36. Dahwen ati open. Nacad nanging arep dimelik dhewe.
37. Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang. Ala dikandhakake apik, apik dikandhakake ala.
38. Desa mawa cara, negara mawa tata. Saben panggonan duwe cara dhewe-dhewe.
39. Dhemit ora ndulit, setan ora doyan. Tansah ginanjar slamet, ora ana sing ngribedi.
40. Dicuthat kaya cacing. Diusir kanthi kasar.
41. Digarokake dilukokake. Dikon nyambut gawe abot.
42. Dipalangana mlumpat, ditalenana medhot. Yen wis tinakdir (jodho), kaya ngapa mesthi bakal kelakon (dadi).
43. Diwenehi ati ngrogoh rempela.nyuwun, wis diparingi sathithik, ndadak nyuwun sing akeh.
44. Dom sumurup ing banyu. Laku samar (meneng-menengan).
45. Dudu sanak dudu kandang, yen mati melu kelangan. Senajan wong liya, yen ana ora kepenake melu ngrasakake.
46. Dudutan lan anculan. Padha kethikan, sing siji api-api ora ngerti.
47. Durung ilang pupuk lempuyange. Dipadhakake bocah cilik, durung dianggep diwasa.
48. Durung pecus keselak besus. Durung sembada wis kepengin sing ora-ora.

E
49. Emban cindhe emban siladan. Siji lan sijine ora padha pangrengkuhe (ora adil).
50. Embat-embat celarat.  Nyambut gawe klawan ati-ati banget.
51. Emprit abuntut bedhug. Prakara sepele dadi gedhe.
52. Endhas pethak ketiban empyak. Nemahi kasusahan (reribed) bola-bali (gonta-ganti).
53. Entek golek kurang amek. Olehe ngunen-uneni sakatoge.
54. Entek jarake. Entek kasugihane.
55. Esuk dhele sore tempe. Ora teteg atine (molah-malih).

G
56. Gagak nganggo laring merak. Wong asor (cilik) duwe tumindak kaya wong luhur (gedhe).
57. Gajah alingan suket teki. Lair karo batine beda banget, mesthi bae ketara.
58. Nggajah elar. Sarwa gedhe lan santosa kekarepane.
59. Gajah ngidak rapah. Wong sing nrajang wewalere (larangan) dhewe.
60. Gajah tumbuk, kancil mati tengah. Wong gedhe padu padha wong gedhe, wong cilik sing sangsara.
61. Garang garing. Umuk sugih, nanging sejatine kecingkrangan.
62. Gawe luwangan, ngurugi luwangan. Golek utangan mung perlu kanggo nyaur utang.
63. Nggayuh-nggayuh luput. Samubarang kang dijangka, ora dadi.
64. Nggenthong umos. Ora bisa nyimpen wadi.
65. Giri lusi janma tan kena ingina. Ora kena dina senajan katon asor.
66. Gliyak-gliyak tumindak, sareh pakoleh. Senajan alon-alon olehe tumindak, nanging kaleksanan maksude.
67. Golek banyu bening. Golek pitutur sing becik (maguru).
68. Golek-golek ketanggor wong luru-luru. Karepe arep golek (utang), malah dijaluki (utang).
69. Gupak pulut ora mangan nangkane. Melu rekasane, nanging ora melu kepenake.
70. Nggutuk lor kena kidul. Nyemoni.

I
71. Idu didilat maneh. Njabel gunem (kasaguhan) sing wis kawetu.
72. Ing ngarsa asung tulhada, ing madya mangun karsa, tut wuri andayani.  Sing ana ngarep menehi conto, sing tengah menehi karep (arah), sing mburi nenehi daya.
73. Iwak kalebu ing wuwu. Kena apusi sarana gampang.

J
74. Njagakake endhoge blorok. Njagakake barang kang durunge mesthi.
75. Njajah desa milang kori. Njajah (lelungan) menyang ngendi-ngendi.
76. Jalma angkara mati murka. Nemu bilai jalaran saka murka.
77. Jalukan ora wewehan. Seneng jaluk nanging ora seneng weweh.
78. Jati ketlusuban luyung. Golongane wong becik kalebon wong ala.
79. Jer basuki mawa beya. Kabeh gegayuhan mbutuhake wragad.
80. Njujul wuwul. Prakasa sing ngundhak-undhaki rekasa.
81. Njunjung ngentebake. Ngalembana nanging niyate ngasorake.

K
82. Kacang mangsa ninggala lanjaran. Kalakuane anak lumrahe tiru-tiru wong tuwane.
83. Kadang konang. Ngakoni sadulur mung karo sing sugih-sugih.
84. Kakehan gludhug kurang udan. Akeh omonge, nanging ora ana nyatane.
85. Kala cacak menang cacak. Begja-begjanan embuh kalah embuh menang.
86. Kandhang langit kemul mega. Wong sing ora duwe papan panggonan.
87. Katepang ngrangsang gunung. Kagedhen pajangka (kekarepan), mokal bisa kelakon.
88. Katon cepaka sewakul. Disenengi wong akeh.
89. Kaya banyu karo lenga. Pasaduluran kang ora bisa rukun.
90. Kebak sundukane. Akeh banget keluputane.
91. Kebat kliwat gancang pincang. Tumindak sarwa kesusu, asile mesthi ora kebeneran.
92. Kebanjiran segara madu. Nemu kebegjan (rejeki) kang gedhe banget.
93. Kebo ilang, tombok kandhang. Wis kelangan, malah kudu ngetokake wragad maneh.
94. Kebo bule mati setra. Wong pinter nanging ora ana sing nganggokake.
95. Kebo kabotan sungu. Wong tuwa sing rekasa uripe, amarga kabotan ngopeni anak-anake.
96. Kebo lumumpat ing palang. Ngadili prakara ora nganggo wewaton (pathokan ukum).
97. Kebo mulih menyang kandhange. Wong lunga utawa barang ilang sing bali maneh menyang asale.
98. Kebo nusu gudel. Wong tuwa jaluk wuruk marang wong enom.
99. Kegedhen empyak kurang cagak. Kagedhen kekarepan nanging ora sembada.
100. Kejugrugan gunung menyan (kembang). Nemu kebegjan gedhe banget.
101. Kelacak kepathak. Wis ora bisa mungkir maneh jalaran kabekten.
102. Kena iwake aja buthek banyune. Sing dikarep bisa kelakon, nanging aja nganti digawe rame (kaget).
103. Kendel ngringkel, dhadhag ora godag. Ngakune (katone) kendel lan pinter, jebule jirih tur bodho.
104. Kencana katon wingka. Senajan bagus utawa ayu, tetep ora ditresnani.
105. Kenes ora ethes. Sugih umuk nanging bodho.
106. Keplok ora tombok. Melu seneng-seneng nanging ora gelem cucul wragad.
107. Kere munggah bale. Wong asor (cilik) didadekake wong gedhe.
108. Kerot ora duwe untu. Duwe kekarepan nanging ora duwe wragad.
109. Kerubuhan gunung. Nemoni kesusahan sing gedhe banget.
110. Kesandhung ing rata,  kebentus ing tawang. Nemu bebaya sing ora dinyana-nyana.
111. Ketepang ngrangsang gunung. Njangka prakara sing mokal kelakon.
112. Ketula-tula ketali. Tansah nandhang sengsara.
113. Kethek saranggon. Grombolan wong laku ala.
114. Kleyang kabur kanginan. Wong urip sing kalunta-lunta.
115. Kocak tandha lukak. Akeh omongane tandha kurang kawruhe.
116. Kongsi jambul uwanen. Nganti tuwa banget.
117. Kraket ing galer. Wong sing mlarat banget.
118. kriwikan dadi grojogan. Prakara cilik dadi gedhe.
119. Kumenthus ora pecus. Doyan umul, ora sembada.
120. Kutuk nggendhong kemiri. Nyandhang kang sarwa aji ngambah dalan kang gawat.
121. Kutuk marani sunduk. Njarag (marani) bebaya.

L
122. Ladak kacengklak. Wong angkuh nemahi kacilakan amarga kelakuane dhewe.
123. Lahang karoban manis. Bagus (ayu) rupane tur luhur bebudene.
124. Lambe satumang kari samerang. Aweh pitutur bola-bali nanging ora digugu.
125. Lanang kemangi. Wong lanang sing jirih.
126. Lumpuh ngideri jagad. Njangka kekarepan sing mokal.

M
127. Madu balung tanpa isi. Padudon amarga barang sepele.
128. Maju tatu mundur ajur. Kabeh budidaya ora kasil.
129. Matang tuna numbak luput. Tansah luput panggayuhe.
130. Meneng widara uleran. Wong kang laire katon anteng, nanging tibake ala atine.
131. Menthung koja kena sembagine. Rumangsane ngapusi, nanging sejatine malah kapusan.
132. Mikul dhuwur mendhem jero. Njunjung drajate wong tuwa.
133. Milih-milih tebu boleng. Kakehan pilihan, wusanane entuk sing ora becik.
134. Mrojol selaning garu. Linuwih (pinunjul ing kawruh), langka sing madhani.
135. Mubra-mubru blabur madu. Sarwa kecukupan.

N
136. Nabok nyilih tangan. Nindakake panggawean ala sarana kongkonan.
137. Nucuk ngiberake. Wis disuguh, mulihe nyangking suguhan (mbrekat).
138. Nututi layangan pedhot. Ngupaya barang sepele sing wis ilang.
139. Ngagar metu kawul. Ngojok-ojoki supaya dadi pasulayan.
140. Ngalasake negara. Ora manut pranatane negara.
141. Ngalem legining gula. Nyebut kaluwihane kapinterane utawa kasugihane wong.
142. Ngaturake kidang lumayu. Nuduhake gegayuhan sing angel kacekel.
143. Nglungguhi klasa gumelar. Kari nemu kapenake, tanpa melu rekasane.
144. Ngontragake gunung. Wong asor bisa ngalahake wong luhur (gedhe) nganti gawe kagete wong akeh.
145. Nguthik-uthik macan dhedhe. Gawe nesune wong liya.
146. Nguyahi segara. Weweh marang wong sugih, tiwas tuwas.
147. Nyangoni kawula minggat. Ndandani barang kang pijer rusakan.
148. Nyolong pethek. Mlesed saka pametheke.
149. Nyunggi lumpang ketheng. Munggah drajate nanging ora ana pametune.

O
150. Obah ngarep kobet buri. Luwih becik rekasane dhisik ing tembe burine bakal kapenak- solah bawane wong gedhe dadi panutane wong cilik.
151. Opor bebek mentas awake dhewek. Mentas saka rekadayane dhewe.
152. Ora ana banyu mili mendhuwur. Watake anak mesthi tiru wong tuwane.
153. Ora ganja ora unus. Ala rupane uga ala atine.
154. Ora mambu enthong irus. Dudu sanak dudu kandhang.
155. Ora tembung ora lawung. Njupuk tanpa nembung dhisik.
156. Ora uwur ora sembur. Ora gelem aweh rembug utawa pitulungan sathithik-sathithikka.

P
157. Palang mangan tandur. Dipercaya njaga, wekasane malah ngrusak dhewe.
158. Pandengan karo srengenge. Mungsuhan karo wong kuwasa (gedhe).
159. Pecruk tunggu bara. Dipasrahi kang dadi senengane.
160. Pitik trondhol diumbar ing padaringan. Wong ala dipasrahi tunggu barang sing aji.
161. Pupur sawise benjut. Ngati-ati nanging sawise kebacut kelakon.

R
162. Rawe-rawe rantas malang-malang putung. Kabeh kang ngalang-ngalangi disingkirake.
163. Rebut balung tanpa isi, rebut kemiri kopong. Melik utawa padudon prakara barang sepele.
164. Rubuh-rubuh gedhang. Anut polahing liyan.
165. Rukun agawe sentosa, crah agawe bubrah. Karukunan ndadekake kasontasan, congkrah ndadekake karusakan.

S
166. Sabaya pati, sabaya mukti. Rukun nganti tekan ing pati.
167. Sadumuk bathuk, sanyari bumi. Padudon nganti dilabuhi toh pati.
168. Sandhing kebo gupak. Sandhing wong ala, bisa-bisa katut ala.
169. Sapa salah seleh. Sapa sing salah bakal konangan.
170. Satru mungging cangklakan. Mungsuh kang isih sanak sadulur.
171. Sedhakep ngawe-awe. Mareni panggawe ala, nanging isih kepinging nglakoni maneh.
172. Sembur-sembur adas, siram-siram bayem. Bisa kaleksanan marga pandongane wong akeh.
173. Sepi ing pamrih, rame ing gawe. Tumandang gawe tanpa duwe kamelikan apa-apa.
174. Sluman slumun slamet. Senajan kurang ngati-ati, ewadene diparingi slamet.
175. Suduk gunting tatu loro. Nandang kesusahan warna loro (bareng-bareng).
176. Sumur lumaku tinimba. Njaluk diangsu kawruhe, nawak-nawakake ngelmune.

T
177. Tebu tuwuh socane. Prakara sing wis becik dadi bubrah amarga ana sing nyetani (ngalang-alangi).
178. Tekek mati ing ulone. Nemahi cilaka amarga saka guneme dhewe.
179. Tembang rawat-rawat, ujare bakul sinamberawa. Kabar kang durung mesthi bener lan lupute.
180. Timun jinara. Samubarang kang gampang banget.
181. Timun wungkuk jaga imbuh.mung dienggo jaga-jaga yen ana kekurangane.
182. Tinggal glanggang acolong playu. Keplayu saka ing paperangan.
183. Tulung menthung. Katone tetulung, nanging sejatine malah nyusahake.
184. Tumbak cucukan. Seneng adul-adul.
185. Tuna satak bathi sanak. Rugi bandha, nanging bathi pasaduluran.
186. Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati. Turunane wong cilik dadi gedhe, turunane wong gedhe dadi cilik.
187. Tunggal banyu. Tunggal ngelmu, tunggal guru.
188. Tut wuri andayani. Patring kalonggaran nanging uga paring pepeling amrih becike.

U
189. Ula marani gepuk. Njarak marani bebaya.
190. Ulat madhep mati karep. Wis manteb banget.
191. Undhaking pawarta sudaning kiriman. Pawarta iku lumrahe wis beda karo nyatane.

W
192. Welas tanpa alis. Welas marang wong kang ndadekake sangsarane.
193. Wiwit kuncung nganti gelung. Wiwit cilik nganti tuwa (gedhe).

Y
194. Yitna yuwana lena kena. Sing ngati-ati nemu slamet, sing sembrana bakal nemu cilaka.
195. Yuyu rumpung mbarong ronge. Omahe njenggarang nanging sejatine mlarat.
196. Yiyidan mungging rampadan. Maune wong durjana, saiki dadi wong alim.
197. Yoga anyangga yogi. Murid nirokake piwulange guru.
198. Yuwana mati lena. Wong becik nemu cilaka, amarga saka kurang ngati-ati.


Yoiku  kumpulane  paribasan  jawa  mugo-mugo iso dadi ngelmu sing becik..

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Gugon tuhon | ilmu jawa | basa jawa |

Lirik religi bugie - opo abote