Jenenge anak kewan, gaman kewan, turunan kewan

               Jenenge anak kewan

Anak asu - kirik
Anak ayam - kuthuk
Anak babi - gembluk
Anak bandeng - nener
Anak banyak - blengur
Anak bantheng - wareng
Anak baya - krete
Anak bebek - meri
Anak brati - tongki
Anak bulus - ketul
Anak cacing - lur
Anak cecak - sawiyah
Anak celeng - genjik (jagar)
Anak dara - piyik
Anak emprit - indhil
Anak gajah - bledug
Anak gagak - engkah
Anak gangsir - tlondho
Anak iwak - beyongan (kocolan)
Anak jangkrik - gendholo
Anak jaran - belo
Anak kadhal - tobil
Anak kancil - kenthi
Anak kebo - gudel
Anak kemangga - criwi
Anak kinjeng - senggrutu
Anak kethek - kenyung (munyuk)
Anak kidang - kompreng
Anak kodhok - precil (cebong)
Anak kutuk - kotesan
Anak kucing - cemeng
Anak laler - set
Anak lawa - kampret
Anak lele - jabrisan
Anak lemut  - uget-uget
Anak lintah - pacet
Anak lutung- kowe
Anak macan - gogor
Anak manuk - piyik
Anak merak - uncung
Anak menjangan - kompreng
Anak menthog - minthi
Anak ngangrang - kroto
Anak pitik - kuthuk
Anak sapi - pedhet
Anak singa - dibal
Anak tawon - gana
Anak tikus - cindhil
Anak tuma - kor
Anak ula - kisi
Anak urang - grago
Anak warak- plencing
Anak wedhus - cempe
Anak welut - udhet
Anak yuyu - beyes

              Jenenge gaman kewan

*Cecak- gaman- buntute tugel
*gajah- gaman- tlale, gadhing
*jago- gaman- jalu, cucuk
*kebo, kidang, sapi, wedus- gaman- sungu
*kalajengking, kumbang, tawon- gaman- entup
*lele- gaman- patil
*macan, kucing, singa,- gaman- cakar, siyung
*ula- gaman- wisa
*warak(badhag)- gaman- cula
*yuyu, kepiting- gaman- capit

        Jenenge turunan kewan

¤Pitik biyasa karo kate : wareng
¤pitik biyasa karo pitik alas : bekisar
¤pitik biyasa karo bekisar : bekikuk
¤bebek karo menthog : brati
¤jaran karo kuldi : bihal

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Gugon tuhon | ilmu jawa | basa jawa |

Paribasan jawa | peribahasa jawa

KUMPULAN BAND ANAK NGAWI